
Nalika paringt sambutan Kepala Dinas Pendidikan Bapak Arif Haryono ngendikakake manawa gedhung Perpustakaan sarta Masjid sing mentas dikepyakake iki supaya digunakake sabecik-becike dening kabeh para warga SMP .Muhammadiyah I “Luwih-luwih dipigunakake kanggo nyengkuyung amrih suksese asil pasinaon lan program mendiknas secara umum, yaiku kanggo ningkatake mutu pendhidikan lan belajar para siswa supaya nduweni aklaq mulia , pihak Bupati Sleman banget nyengkuyung “, ujare Drs .H Sripurnama , karo nambahake menawa pendhidhikan ing SMP Muhammadiyah I bisa numusi siswa dadi nduweni cahya sarta prestasi uga migunani gedhe tumrap diri pribadhi , kulawarga lan masarakat . Sawetara iku Kepala Sekolah SMP .Muh I Ahmad Soleh Spd , ngandharake yen pembangunan gedhung Perpustakaan lan Masjid SMP. Muhammadiyah I Minngir iki mujudake siji-sijine ing tlatah Sleman kulon. Mula gedhung perpus lan Masjid iku bakal langsung digunakake kanggo sinau lan sholat para siswa -siswi utamane sing nduweni prestasi , wiwit tahun ajaran 2015/ 2016 .
oleh : Sanijo Raf.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar