Senajan ing
Buku Pandhuan Wisata
Kabupaten Magelang durung
kaemot , naging potensi
wisata ing desa
Candhireja ,Barobudhur Magelang , Jawa tengah
iki tetep ora nguciwani . Jalaran
desa sing dumunung
ing pinggire kali
Progo iki nyimpen
sakehe potensi wisata
sing pantes “dipromosikan “. Tumrape pilihan
papan wisata ing
desa Candhireja bisa
milih wisata desa
utawa kebun , wisata
air , lan wisata pegunungan .
Babagan wisata
desa utawa wisata
kebun , wisatawan nganakake
jelajah desa kanthi
anjangsana saka dhusun
menyang dusun liyane
.Ing dhusun Kedhungamba
para wisatawan (mirunggan
wisatawan manca ) bisa
nginep ing omahe
pendhudhuk ingga mangerteni panguripane
warga saben dinane
, luwih-luwih , Ing babagan
tetanen lan gotong
royong. Tumrap wisatawan manca
utawa wisatawan sing
asale saka metropolitan
wisata mengkene iki
mesthi narik kawigaten
, jalaran mujudake pengalaman
anyar lan sesawangan
beda di tandhing saben dinane.
Wisata desa
uga kanthi mitontoni
sentra-sentra indhustri kecil
utawa indhustri rumah
tangga kaya papan
panggawene gula jawa
ing dhusun Kerekan
.Ing pedhukuhan sing
dumunung ing sikile
Pegunungan Menoreh iki
sebagian gedhe masarakate
nduweni pangupa jiwa
gawe gula jawa
.Wisatawan bisa mitontoni
carane nderes utawa
njipuk legen (nyedhap
nira ) sing ditindakake esuk
lan uga sore . Uga
bisa nonton carane
gawe gula jawa
ing omahe pendhudhuk .Saka mitontoni
panggawene gula jawa ,
wisatawan bisa nontoni
panggawene jamu tradhisional utawa
jamu gendhong ing dhusun pucunan.
Jamu-jamu tradhisional sing
digawe ing dhusun
iki bahan-bahane dijupuk
saka kebon .Lire bahan
jamu dijupuk saka
kasil kebun ing
desa iku lan
sakiwa tengene .Akeh
empon-empon kaya puyang
, temu , gegodhongan , sing
dikasilake pendhudhuk ing
kono. Kanthi mengkono
bahan jamu wus
sumadya ing alam
lingkungan .
Indhustri rumah
tangga liyane yaiku
slondhok ,lanthing, karah ,londho-londho , criping , emping tela, sing
digawe ing pedhusunan
Sangen , Cikal lan patikan
. Indhustri sing bahan
bakune tela mesthi
wae cocok tumrap
para perajin ing
pedhusunan iiki, jalaran desa
Candireja sing 100 persen
kebon , talun , tegalan , lan
ora tinemu sawah,sasat
lemahe ditanduri tela
utawa pohong . Tela mujudake
kasil pokok masarakat
desa Candhireja .
Wisata desa
uga bisa buktekake
anane kesenian tradhisional
sing isih urip
lan diuri-uri dening
pendhudhuk desa. Ing desa
sing jembare 366,25 halan
dienggoni 4383 jiwa (2014
akhir) iki isih ngrembaka
seni pedhalangan , kethoprak
, gatholoco , jathilan ,
maca patan , rodat, slawatan, sing kerep
pentas kalane ana
wong duwe gawe mantu- supitan . Saben
tahun ing sasi Sapar , pemerintah
desa bebaregan karo
warga nindakake upacara
tradhisional Saparan
bebarengan karo perti
desa .Biasane ing upacara-upacara iki
kabeh kesenian sing
ana ing Candireja
kabeh nganakake pentas.
Babagan nguri-uri
upacara tradhisional rapet
uga gegayutane karo
isih kenthele “mitologi” pendhudhuk marang
papan peninggalan kang
di “keramatake” . Ing dhusun
Kaliduren papan kang
disengker lan dikeramatake
yaiku Tuk Asin
dumunung ing pinggire
Kali Sileng . “Djaka
Lodang” sing dipandhu
dening A. Budianto mbuktekake
lamun tuk (sumber) sing
mancur saka karang
padas mau rasane
asin. Miturut Budianta
, pendhudhuk memundhi papan
iki merga nate
dadi papan pengombene
jaran kagungane Pangeran
Diponegara nalika nindakake
perang geriliya .Ing
papan iku uga
Gubernur DIY Sri
Sultan Hamengkubuwana X
tedhak mriksani sumber
Tuk Asin .
Papan liya
kang dikeramatake yaiku
makam Gunung Mijil
ing dhusun Palihan . Ing
makam sing dumunung
ing tengah tegalan
lan dibangun kanthi
becik mung tinemu
kijing siji .Miturut
mitiologi masarakat sakiwa
tengene , papan iki mujudake
makam Pangeran Mijil
sing biyen melu
perang geriliya Pangeran
Diponegara .kanggo ziarah
ing makam Mijil
cukup gampang , jalaran
mung dumunung sapinggire
dalan candhirejo - Borobudhor .
Wisata sing
ora kalah narik
kawigaten ing Candireja
yaiku “Wisata Kali
lan Gunung “ ing
perenge Pegunungan Menoreh
. Papan utawa obyek
wisatane ana loro
yaiku Watu Kendhil
lan Gondopura Wangi .Obyek
Wisata watu Kendhil
arupa watu gedhe
ngemperi kedhil sing
dumunung ing pucuk
gumuk lan pipi
jurang sing atusan
meter jerone. Saka papan
wisata watu Kendhil
bisa ndeleng panorama
(sesawangan) endah menyang
iring lor klebu
Candhi Borobudhur lan
kutha Magelang . Ing
papan iku tinemu
uga wewangunan “Watu
Dahnandhang , watu kukusan
, lan uga warung
Gunung “ sing papane cecaketan
karo watu Kendhil
. Dene gandapura Wangi
sing wujud gapura
watu papane wewatesan
antarane Desa Candhirejakaro desa
Sambeng . Saka gandopura Wangi
iki wisatawan bisaa
deleng , sesawangan endah
menyang laladan magelang .
Potensi wisata
liya sing diduweni
Candhireja lan sumedya
bakal didadekake papan
wisata “andalan “ (sing bisa
diendelake ) yaiku “wisata watutambak “’ , arum jeram, nylantrang lan
padhepokaan Ladon “, sing
kabeh mau dipunjerake
ing Kali Progo
. Kanthi mengkono potensi
alam kang awujud
“air’ sing sumbere
ing Kali Progo
uga diangkah kuwawa
melu ngangkat wisata
desa Candireja.
Miturut Kepala
Desa Candireja Bapak
SinggihMulyanto SE. sing ditemoni
Djaka Lodang ing
kantore dina Rebo 17
juni 2015, sesanti “Candireja Bersatu
yaiku bersih ,Sehat, Aman , tertib lan
Usaha kudu bisa
klakon . Sesanti iki
miturut carik desa ,
sejalan karo arah
desa binaan lan
desa wisata sing
dikepyakake tahun 2001
kepungkur . jalaran krana
grengsenge karep kanggo
mujudake Candireja Bersatu
ateges uga kabeh
warga desa saka
Kades para pamong
lan rakyat kuwawa
mujudake visi desa
sing kacakup ing
Caturdaya , yaiku daya
tumbuh , daya tarik , daya
tahan lan daya
manfaat .
oleh : SANIJO RAF.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar